MULIH
“Nomere sapa iki kok ora ana jenenge?
apa penting banget kok bola-bali telfon ae”, pikir’e Mutmainah.
“Halo mas, kowe ing ndi? Ki aku wis
teko, ndang rene cepet”, swara ing telfon kuwi langsung di pateni. Nanging
swarane kaya swarane wong wadon. Mutmainah isek penasaran, langsung wae
Mutmainah delok kotak pesan ing hp iku. Mutmainah kaya kesambar petir, ana
pirang-pirang sms saka nomer maeng. Shinta, wong wadon sing nduwe nomer iku,
ing sms iku Mutmainah maca yen Solihin lan Shinta arep pethukan ing salah sawijining
kos-kosan. Durung nganti rampung nak maca sms, Solihin wis teka lan langsung
takon ing Mutmainah.
“Ana apa Nah? Kok delok hp’ku?”,
takone Solihin.
Mutmainah banjur jawab “Iku maeng
ana telfon saka nomer gak di kenal, banjur tak angkat…” Solihin jupuk hp sing
di gawa Mutmainah lan nyeneni Mutmainah
“ Wani ya awakmu, ngangkat telfon
ing hpku. Iki urusan bisnis, we ora usah melu-melu” kandha’ne Solihin.
“ Iku maeng hpne muni ae mas, terus
tak angkat. Lha kok swarane wong wadon ing hp kuwi” omonge Mutmainah.
Durung nganti rampung Mutmainah nak
omong, Solihin wis mlaku ing njaba lan nyetater motor budhal ing embuh parane.
Pipit sing krungu bapak lan ibu’ne padu gur isa nangis ing kamar. Mutmainah
isek ing panggone maeng karo nangis. Mikir sifate bojone sing keras kepala lan
kurang perhatian ing keluwargane. Ora among pisan iki kelakuane Solihin sing
ora perduli marang keluwargane. Meh saben dina Solihin ora tau ing omah lan
angger mulih mesti wengi. Nanging dina kuwi puncak kesele Mutmainah, amarga ngerti
sms’e karo Shinta.
Nganti teka wengi Solihin durung
mulih, wis bola-bali Mutmainah hubungi Solihin, di sms ora di balas, di telfon
ora di angkat. Banjur Mutmainah ngajak Sulaiman, yaiku mas’e Solihin kanggo
nggolek’i ing ngendi parane Solihin.
“ Iki piye mas? Mas Solihin durung
mulih”, omonge Mutmainah sing panik.
“ La wonge maeng omong apa ora yen
arep ing ngendi ngono?”, takon’e Sulaiman.
“ Ora, maeng wonge langsung budhal,
apa ing kos-kosan kae ya”, selidik Mutmainah, kaya-kaya takon ing awak’e dewe.
“ Kos-kosane sapa?”, takone Sulaiman
penasaran.
“ Kos-kosane wong wadon sing gaene
smsan karo Mas Solihin”, jawab Mutmainah.
“ Jajal ayo delok rono”, kandhane
Sulaiman.
Banjur Mutmainah lan Sulaiman budhal
nggoleki kos-kosan sing maeng arep di nggo pethukan Solihin lan Shinta. Sak jam
nggoleki kos-kosan iku akhire teka ing kos-kosan sing di maksud. Nanging ing kos-kosan
sepi lan ora ana wonge.
“ Kok ora ana wonge ta Nah, gek sepi
banget pisan”, omonge Sulaiman karo ndhodhok lawang.
“ Gak ngerti mas, tapi bener kok
alamate ing kene”, karo ngeling-ngeling alamat sing di waca saka smse Solihin.
“ Jajal tak takon ing bapak-bapak
sing ana ing ngarep omah kae”, omonge Sulaiman karo mlaku moro ing salah
sawijining kos-kosan.
“ Pak dhe nyuwun persa, tiyang sing
ana ing kos-kosan niku teng pundhi nggih?”, takone Sulaiman karo nudhing
kos-kosan sing dimaksud.
“ Lagi wae metu mas, durung ana
setengah jam kok”, jawab bapak-bapak iku.
“ Nggih sampun, suwun pak”, omonge
Sulaiman.
“ Nggih sami-sami mas”, jawab
bapak-bapak iku.Banjur Sulaiman mbalek maneh moro ing Mutmainah.
“ Ora ana Nah, wonge lagi wae metu”,
kandhane Sulaiman.
“ La trus piye ki mas? nggoleki ing
ngendi maneh?’, takone Mutmainah karo nangis.
“ Yo wis ayo mulih, wis wengi iki.
Enteni ing omah wae “, kandhane Sulaiman.
Banjur Mutaminah lan Sulaiman mulih
tanpa nggawa asil apa-apa. Teka omah jam nunjukake angka 11, Sulaiman langsung
mulih ing omahe sawise ngeterne Mutmainah teka omah. Pipit wis turu pas ibuke
lan pak pohe mulih. Nanging ing omah Mutmainah ora isa turu amerga mikirne
keluwargane sing ora karu-kauan. Pikirane kalut, kaya wong stres. Embuh entuk
ide saka ngendi, Mutmainah njupuk obat suket sing ana ing pawon. Dheweke gawe teh
banjur di campur obat suket kuwi. Mutmainah rada ragu-ragu arep ngombe teh sing
dicampur obat suket kuwi. Mutmainah njupuk hp banjur nelpon kanca rakete
Solihin sing jenenge Parman.
“ Halo, Man aku njaluk ngapura ya.
Yen mas Solihin lan aku nduwe salah, aku wis gk kuat ngadepi Mas Solihin. Pisan
maneh aku njaluk ngapura ya”, omonge Mutmainah sing swarane rada serak-serak.
“ Nah, we ki nyapo? Omonganmu kok
kaya ngono. Halo…. Halo.. “, takone Parman nanging ora ana jawaban.
Banjur Parman karo bojone langsung
budhal ing omahe Mutmainah kanggo delok keadaane Mutmainah. Teka oomahe
Mutmainah, omahe Mutmainah ketutup rapet. Bola-bali Parman ndhodhok lawang
nanging ora ana jawaban. Akhire Parman ndhodhok gedhek kamare Pipit.
“ Pit… Pipit, tangi nduk buka
lawange”, kandhane Parman saka njaba.
Pipit
sing lagi turu kaget lan langsung tangi.
“ Ki sapa? “, takone Pipit.
“ Ki aku Lek Parman. Ndang buka nduk
lawange” omonge Parman.
Pipit cepet-cepet buka lawang tanpa
ngingeti keadaane ibuke. Lawange wis di buka, Parman lan bojone langsung wae
mlebu omah lan ndelok keadaane Mutmainah sing wis gletak ing ngarep tv karo
lambene ngetokne busa. Pipit langsung nangis ngerti keadaane ibue sing kaya
ngono.
“ Ibuk… Ibuk nyapo kok kaya ngene”,
tangise Pipit sansaya banter.
Parman langsung ngangkat Mutmainah
ing mobile nanging ora kuat. Banjur Parman moro ing salah sawijining omah
cedake omahe Mutmainah kanggo njaluk tulung ngewangi ngangkat. Untunge masia
wis wengi, tonggone Mutmainah durung turu. Mutmainah digawa ing puskesmas sing
cedak saka omahe Mutmainah numpak mobil sing digawa Parman. Ning dalan Pipit gur
isa nangis ngingeti ibune sing lemes.
“ Wis nduk, aja nangis wae, penting
di doane mugo-mugo ibumu ora apa-apa”, kandhane bojone Parman.
Teka puskesmas, Mutmainah langsung
di priksa lan dirawat. 2 jam Mutmainah ora sadar. Pipit mung isa ndonga kanggo
ibune dikancani lek’e sing nyusul ing puskesmas. Akhire Mutmainah wis sadar lan
langsung nangis yen eling kelakuane sing kaya ngono, nganti kepikiran arep
mungkasi uripe. Sulaiman ya ana ing puskesmas, dheweke hubungi Solihin nanging ora
isa di hubungi nomere. Solihin ora ngerti keadaane bojone sing meh mati mergo
mikirne kelakuane. Keadaane Mutmainah angsur-angsur rada apik.
Pipit mung isa nangis yen ngelingi
keadaane keluwargane sing rusak, Pipit isin karo tonggo-tonggoone amerga
kelakuan bapake. Kadang Pipit ya minder. Nanging Pipit tetep semangat kanggo
nggapai cita-citane masia keluawargane ora harmonis.