Rabu, 25 Januari 2017

untuk kali ini, saya sedikit bercerita kisah nyata sebuah keluarga. yah, walaupun masih banyak kekurangan bahasa yang di gunakan dicerita ini. semoga yang membaca merasa terhibur dan tidak bosen-bosen singgah di blog ini http://kesasari.blogspot.co.id. jangan lupa komentarnya
MULIH


            Srengenge durung njedhul saka panguripane. Dalan-dalan isek peteng, hawa adem sansaya nambahi petenge ati Pipit. Swara pitik padha saut-sautan mratandhani panggaweyan ing dina iki bakal di wiwiti. Saka adoh katon Pipit di bonceng Pak Lek’e numpak motor matic. Pipit lagi wae mulih saka puskesmas amarga bengi maeng ibune di gawa ing puskesmas. Iya,,,, ibune pancen di gawa ing puskesmas.
Hasil gambar untuk gambar bunga



            Wingi awan sakdurunge, ibu’ne Pipit sing jenenge Mutmainah lan bapake Pipit sing jenenge Solihin padu. Wektu iku hpne Solihin ana telfon, nanging Solihin ora ana ing omah. Bola-bali hp iku muni ae, amarga mangkel banjur karo Mutmainah telfon iku di angkat. Nomer ora di kenal ana ing layar hp, Mutmainah rada bingung,
            “Nomere sapa iki kok ora ana jenenge? apa penting banget kok bola-bali telfon ae”, pikir’e Mutmainah.
            “Halo mas, kowe ing ndi? Ki aku wis teko, ndang rene cepet”, swara ing telfon kuwi langsung di pateni. Nanging swarane kaya swarane wong wadon. Mutmainah isek penasaran, langsung wae Mutmainah delok kotak pesan ing hp iku. Mutmainah kaya kesambar petir, ana pirang-pirang sms saka nomer maeng. Shinta, wong wadon sing nduwe nomer iku, ing sms iku Mutmainah maca yen Solihin lan Shinta arep pethukan ing salah sawijining kos-kosan. Durung nganti rampung nak maca sms, Solihin wis teka lan langsung takon ing Mutmainah.
            “Ana apa Nah? Kok delok hp’ku?”, takone Solihin.
            Mutmainah banjur jawab “Iku maeng ana telfon saka nomer gak di kenal, banjur tak angkat…” Solihin jupuk hp sing di gawa Mutmainah lan nyeneni Mutmainah     
            “ Wani ya awakmu, ngangkat telfon ing hpku. Iki urusan bisnis, we ora usah melu-melu” kandha’ne Solihin.
            “ Iku maeng hpne muni ae mas, terus tak angkat. Lha kok swarane wong wadon ing hp kuwi” omonge Mutmainah.

            Durung nganti rampung Mutmainah nak omong, Solihin wis mlaku ing njaba lan nyetater motor budhal ing embuh parane. Pipit sing krungu bapak lan ibu’ne padu gur isa nangis ing kamar. Mutmainah isek ing panggone maeng karo nangis. Mikir sifate bojone sing keras kepala lan kurang perhatian ing keluwargane. Ora among pisan iki kelakuane Solihin sing ora perduli marang keluwargane. Meh saben dina Solihin ora tau ing omah lan angger mulih mesti wengi. Nanging dina kuwi puncak kesele Mutmainah, amarga ngerti sms’e karo Shinta.
            Nganti teka wengi Solihin durung mulih, wis bola-bali Mutmainah hubungi Solihin, di sms ora di balas, di telfon ora di angkat. Banjur Mutmainah ngajak Sulaiman, yaiku mas’e Solihin kanggo nggolek’i ing ngendi parane Solihin.
            “ Iki piye mas? Mas Solihin durung mulih”, omonge Mutmainah sing panik.
            “ La wonge maeng omong apa ora yen arep ing ngendi ngono?”, takon’e Sulaiman.
            “ Ora, maeng wonge langsung budhal, apa ing kos-kosan kae ya”, selidik Mutmainah, kaya-kaya takon ing awak’e dewe.
            “ Kos-kosane sapa?”, takone Sulaiman penasaran.
            “ Kos-kosane wong wadon sing gaene smsan karo Mas Solihin”, jawab Mutmainah.
            “ Jajal ayo delok rono”, kandhane Sulaiman.
            Banjur Mutmainah lan Sulaiman budhal nggoleki kos-kosan sing maeng arep di nggo pethukan Solihin lan Shinta. Sak jam nggoleki kos-kosan iku akhire teka ing kos-kosan sing di maksud. Nanging ing kos-kosan sepi lan ora ana wonge.
            “ Kok ora ana wonge ta Nah, gek sepi banget pisan”, omonge Sulaiman karo ndhodhok lawang.
            “ Gak ngerti mas, tapi bener kok alamate ing kene”, karo ngeling-ngeling alamat sing di waca saka smse Solihin.
            “ Jajal tak takon ing bapak-bapak sing ana ing ngarep omah kae”, omonge Sulaiman karo mlaku moro ing salah sawijining kos-kosan.
            “ Pak dhe nyuwun persa, tiyang sing ana ing kos-kosan niku teng pundhi nggih?”, takone Sulaiman karo nudhing kos-kosan sing dimaksud.
            “ Lagi wae metu mas, durung ana setengah jam kok”, jawab bapak-bapak iku.
            “ Nggih sampun, suwun pak”, omonge Sulaiman.
            “ Nggih sami-sami mas”, jawab bapak-bapak iku.Banjur Sulaiman mbalek maneh moro ing Mutmainah.
            “ Ora ana Nah, wonge lagi wae metu”, kandhane Sulaiman.
            “ La trus piye ki mas? nggoleki ing ngendi maneh?’, takone Mutmainah karo nangis.
            “ Yo wis ayo mulih, wis wengi iki. Enteni ing omah wae “, kandhane Sulaiman.
            Banjur Mutaminah lan Sulaiman mulih tanpa nggawa asil apa-apa. Teka omah jam nunjukake angka 11, Sulaiman langsung mulih ing omahe sawise ngeterne Mutmainah teka omah. Pipit wis turu pas ibuke lan pak pohe mulih. Nanging ing omah Mutmainah ora isa turu amerga mikirne keluwargane sing ora karu-kauan. Pikirane kalut, kaya wong stres. Embuh entuk ide saka ngendi, Mutmainah njupuk obat suket sing ana ing pawon. Dheweke gawe teh banjur di campur obat suket kuwi. Mutmainah rada ragu-ragu arep ngombe teh sing dicampur obat suket kuwi. Mutmainah njupuk hp banjur nelpon kanca rakete Solihin sing jenenge Parman.
            “ Halo, Man aku njaluk ngapura ya. Yen mas Solihin lan aku nduwe salah, aku wis gk kuat ngadepi Mas Solihin. Pisan maneh aku njaluk ngapura ya”, omonge Mutmainah sing swarane rada serak-serak.
            “ Nah, we ki nyapo? Omonganmu kok kaya ngono. Halo…. Halo.. “, takone Parman nanging ora ana jawaban.
            Banjur Parman karo bojone langsung budhal ing omahe Mutmainah kanggo delok keadaane Mutmainah. Teka oomahe Mutmainah, omahe Mutmainah ketutup rapet. Bola-bali Parman ndhodhok lawang nanging ora ana jawaban. Akhire Parman ndhodhok gedhek kamare Pipit.
            “ Pit… Pipit, tangi nduk buka lawange”, kandhane Parman saka njaba.
Pipit sing lagi turu kaget lan langsung tangi.
            “ Ki sapa? “, takone Pipit.
            “ Ki aku Lek Parman. Ndang buka nduk lawange” omonge Parman.
            Pipit cepet-cepet buka lawang tanpa ngingeti keadaane ibuke. Lawange wis di buka, Parman lan bojone langsung wae mlebu omah lan ndelok keadaane Mutmainah sing wis gletak ing ngarep tv karo lambene ngetokne busa. Pipit langsung nangis ngerti keadaane ibue sing kaya ngono.
            “ Ibuk… Ibuk nyapo kok kaya ngene”, tangise Pipit sansaya banter.
            Parman langsung ngangkat Mutmainah ing mobile nanging ora kuat. Banjur Parman moro ing salah sawijining omah cedake omahe Mutmainah kanggo njaluk tulung ngewangi ngangkat. Untunge masia wis wengi, tonggone Mutmainah durung turu. Mutmainah digawa ing puskesmas sing cedak saka omahe Mutmainah numpak mobil sing digawa Parman. Ning dalan Pipit gur isa nangis ngingeti ibune sing lemes.
            “ Wis nduk, aja nangis wae, penting di doane mugo-mugo ibumu ora apa-apa”, kandhane bojone Parman.
            Teka puskesmas, Mutmainah langsung di priksa lan dirawat. 2 jam Mutmainah ora sadar. Pipit mung isa ndonga kanggo ibune dikancani lek’e sing nyusul ing puskesmas. Akhire Mutmainah wis sadar lan langsung nangis yen eling kelakuane sing kaya ngono, nganti kepikiran arep mungkasi uripe. Sulaiman ya ana ing puskesmas, dheweke hubungi Solihin nanging ora isa di hubungi nomere. Solihin ora ngerti keadaane bojone sing meh mati mergo mikirne kelakuane. Keadaane Mutmainah angsur-angsur rada apik.
            Pipit mung isa nangis yen ngelingi keadaane keluwargane sing rusak, Pipit isin karo tonggo-tonggoone amerga kelakuan bapake. Kadang Pipit ya minder. Nanging Pipit tetep semangat kanggo nggapai cita-citane masia keluawargane ora harmonis.

 



            

2 komentar:

  1. Salut kanggo ceritane mbake,.,Kayake kui cerita bersambung, tak enteni terusane mbak ,.,

    BalasHapus